Sabtu, 17 Juli 2010

SULUK JANUN JAMIL

ASMARANDHANA
Dene suluk Janun Jamil, saking kitabe njeng Sultan, Padha ngawruhana kabeh, Allah andhadhekaken kabeh Adam lan isine iki Pengeran, Tegese Adam puniku eskining Allah.
Kang kinarya gedhong jati, Sak durunge ana jagat, duk lagi awang-awung saking eskine Pengeran, Kudrat Iradat Ira, andhadhekaken peksi Janun Jamil wastanira.
Dene ing wong agung alimi, Milane ing arane lintang, wulan kalawan srengenge amadhangi marang donya iku aran nugraha, lintang sesotya puniku, Yaiku ing aran tunggal, Andhadeaken ing rupi, kang rupi, kang tumetes dadi jagad.
Katon ing donya kabeh ing aran suryo lan chandra, dhene wong alam donya, wulan lan suryo puniku, nora yen lungaha.
Katingal dohneki, lintang lawan wulan surya ing wetan wedale, amangulon surupiro, iku aran nugrahan, Janun Jamil peksi wau, wulune tumrap sadaya.
Mangka molah Janun Jamil, badane mojok mangetan, katon kang cahya johore, amadhangi marang donya, Janun Jamil malih mojok mangulon puniku, apan katon ingkang johor.
Awayah ing wetan lingsir, winastan asar puniku ,kang surya gumilir ngilen, sangate setengah papat, waktu maghrib wus serap, Surya manjing jroning laut, ujare wong alam donya.
Mangka peksi Janun jamil, sinung birahi dening hyang, ambabar suwiwi karo, akakirep ujungira, ngarabigigir ira, ana sabbe dhadhanipun katingal kang cahyane johor.
Peksi amancorong warni, cahyane johor katingal, iku wulan lan srengenge punika ing aran, dene wong alam, lamun sinungan puniku jumeneng inten kumala.
Mangka peksi Janun Jamil, sinungan rahmat kamulyan, iya marang Pangerane, sapa wruha ingkang aran, tan liyan dewekira, wujude kawula iku, awisesa ing Pangeran .
Ingkang den sedya kariyin, ingkang amurba ing jagad, Pangerane wong alam kabeh, ingkang pinuji ing jagad, kang ganjar kang anyikso, sagunging mukmin punika ingkang asedya ingarah, mung karsanira, Hyang Widhi.
Karsa andhadeaken Qur’an, peksi kang minetilare, satunggale ingkang kinarya, ning gih Qur’an punika, saking parmane Hyang Agung mangkana Jibril angucap.
Ya tuan Pangeran, ingkang amurba ing jagad, inggih paran margine, punika ing aran Qur’an, mangka Allah ngendika, heh tah iku nyawanipun, marmane Sun karya Qur’an.
Saking peksi Janun Jamil, milane ing aran Qur’an, mangka nyawa matur alon, lah tuan Pangeran hamba, hamba matur ing tuan, sapinten genge pikulun, gih pun peksi Janun Jamil.
Allah angandika Arsy, heh nyawa sira Sun warah, rananatondyane, peksi ingkang aran Janun tan nana nimbangana, iya pra Nabi Sedarum tan nana kang madhani.
Miwah Nabi kang sinelir, ingkang sekawan punika, kalawan Jibril sireku maksih geng peksi punika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar